Contoh Soal Bahasa Jawa Tembang Macapat Sinom Kelas X SMA/SMK/MA

Contoh Soal Bahasa Jawa Tembang Macapat Sinom Kelas X SMA/SMK/MA

Perlu kalian ketahui, Sinom adalah tembang macapat yang memiliki
arti nom, muda, taruna. Watak dari tembang ini adalah semangat, penuh gairah, penuh cinta kasih. Tembang sinom cocok untuk menggambarkan sesuatu yang penuh semangat, mengejar cita-cita dan memberikan petuah kepada para pemuda calon penerus bangsa.

Tembang Sinom menempati urutan ke empat dalam filosofi tembang macapat. Sinom datang atau hadir setelah kinanthi yang arti dibersamai, didampingi. Sinom menjadi gambaran kehidupan manusia saat masih remaja. 

Saat sinom atau remaja, sering kali manusia memburu hawa nafsu. Jika ia tidak didampingi atau kinanthi tentu saja hal ini akan sangat berbahaya. 

Kita bisa membayangkan bahwa penerus bangsa kita dalam para pemuda atau remaja. Jika moral mereka rusak, kita tidak bisa membayangkan bagaimana jadinya masa depan bangsa kita.

Terlepas dari uraian tersebut, pada postingan kali ini kita akan membahas beberapa soal tembang sinom yang tertuang dalam serat wedhatama karya KGPPA Mangkunegara IV.  Langsung saja. Silakan cermati contoh soal ulangan materi tembang sinom dibawah ini!


Keterangan soal
Materi soal: tembang sinom
Kelas/ semester : 10 / genap
Jumlah soal Pilihan ganda: 10 soal
Jumlah soal Uraian: 8 soal

I.       Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen!

1.      Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku …

1. Aturan dalam tembang macapat yang memuat tentang aturan jumlah baris dalam satu bait disebut...

a.       guru sastra

b.      guru wilangan 

c.       guru basa

d.      guru gatra

e.       guru lagu

jawaban: B

2.      Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan (dhong dhing) saben sagatra yaiku …

2. Adapun yang memuat aturan jatuhnya suara vokal pada akhir baris disebut...

a.       guru sastra

b.      guru wilangan 

c.       guru basa

d.      guru gatra

e.       guru lagu

Jawaban: E

3.      Pathokan tembang Mijil yaiku …

a.       gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,

b.      gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a  

c.       gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u

d.      gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o

e.       gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u

Jawaban: E

 

4.      Pathokan tembang Asmarandana yaiku …

a.       gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,

b.      gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a  

c.       gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u

d.      gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o

e.       gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u

 

Jawaban: C

Nasihat lan pitutur

Kang bener terapna nggo uripmu

Kabeh eling–elingen ja nganthi lali

Aja lali pituturku

Merga sira isih enom

5.      Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani …

a.    dhandhanggula                

b.    sinom

c.     gambuh    

d.    maskumambang  

e.    mijil

Jawaban: C

 

Nadyan silih bapa biyung kaki nini,

sadulur myang sanak,

kalamun muruk tan becik,

nora pantes yen den nuta

6.      Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani

a.    dhandhanggula                

b.    sinom

c.    gambuh

d.    maskumambang 

e.    mijil

Jawaban: D

 

7.      Tembang macapat kang ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé sinebut …

a.       dhandhanggula

b.      pangkur

c.       Sinom      

d.      maskumambang  

e.       mijil

Jawaban: C

 

8.      Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha diarani ....

a.       dhandhanggula               

b.      pangkur

c.       Sinom      

d.      maskumambang  

e.       mijil

Jawaban: B

 

9.      Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi laras  asline, nanging bab iku ditindakake supaya nambah endahing tembang macapat. Kaprigelan iku kang diarani ….

a.       cakepan

b.      cengkok

c.       laras

d.      pathet

e.       pedhotan

Jawaban: B

 

10.  Wos surasane tembang macapat iku isa dingreteni kanthi tenanan yen anggone ndunungake pedhotan iku pas. Amarga yen ora pas makna tembung utawa ukarane dadi slenca. Upamane tembang maskumambang gatra sepisan (12i) kudune anak pitik kuthuk//anak bebek meri nanging dipedhot anak pitik//kuthuk anak bebek meri. Pedhotan yaiku ….

a.       syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.

b.      lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.

c.       rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.

d.      ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.

e.       pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.

Jawaban: E

 

II.    Essay

 1. Wacan kanggo soal nomor 1-4

Dak krungu swarane kumbang

Ana ning kumlawung kali

Gegodhongan kuning surya

Kembange wus layu mati

Iki janjine bukti

Bumine kang arep gugur

Gugur kusuma bangsa

Ngrumat donya ora dadi

Mulane cah ayo padha suka donya

1.    Apa tema tembang ing duwur!

2.    Tuduhna tembung-tembung kang ngemot purwakanthi!

3.    Tulisen tembung-tembung kang ko anggep angel banjur golekana ing kamus Baoesastra!

4.    Coba parafrasekna/critakna nganggo basamu dhewe tegese tembang macapat kasebut!

Gatosaken tembang ing ngandhap!

Tuwin ketip suragama

Pan ingsun nora winaris

Angur baya ngantepana

Pranatan wajibing urip

Lampahan angluluri

Aluraning pra luluhur

Kuna kumunanira

Kongsi tumekeng samangkin

Kikisane tan lyan among ngupa boga

5.    Saking teks Serat Wedhatama ing nginggil, cobi dipunanalisis babagan ater-ater, panambang, seselan, tembung rangkep, purwakanthi lan garba!

6.    Gatosaken tembang ing ngandhap!

Nuladha laku utama

Tumrape wong tanah jawi

Wong agung ing Ngeksiganda

Panembahan senapati

Kepati amarsudi

Sudane hawa lan nepsu

Pinepsu tapa brata

Tanapi ing siyang ratri

Amamangun karyenak tyasing sasama

Pitakonan:

  1. Jlentehaken tegesipun saking gatra 5 lan 6!
  2. Jlentrehaken tegesipun tembung siyang ratri!
  3. Golekana purwakanthi saka tembang ing dhuwur!
  4. Temtokaken wosing saking tembang ing nginggil!
  5. Temtokaken piwulang saking tembang ing nginggil!

7.    Nulisa tembang macapat Sinom kanthi nggatekake kaidan (guru Lagu, guru Gatra, guru Wilangan), diksi, isi, jumbuhing tema, lan benere panulisan tembung!

8.    Setitekna tembang ing ngisor iki!

a.       Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.

b.      Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung linakwan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mufa’ati badanneki.

c.       Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan melu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.

d.      Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak nora wurung neniwasi.

1)      Sebutna jinising tembang! Yen wis ngreti isa ditembangke!

2)      Jlentrehna wos surasane kanthi ngancarake nggunakake basane dhewe! Andharna kanthi lesan!

3)      Andharna pitutur kang kamot sajroning tembang!

4)      Miliha tema babagan pendhidhikan! Sabanjure tulisen dadi wujud tembang Sinom lan Pucung!

Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Contoh Soal Bahasa Jawa Tembang Macapat Sinom Kelas X SMA/SMK/MA"