Mangerteni Cerita Wayang: Unsure, Nilai-nilaine, lan Cara Gawe Sinopsise

Mangerteni Cerita Wayang: Unsure, Nilai-nilaine, lan Cara Gawe Sinopsise

Sugeng siyang para kadang. Alhamdulillah ana ing kalodhangan iki, ambarisna.com bisa ngaturake materi cerita wayang kangge siswa kelas X SMA/MA/SMK tanpa alangan setunggal menapa.

Materi Cerita wayang iki disinaoni sawise materi tembang sinom serat wedhatama. mula, saderenge maos tulisan iki, kula sumanggakake maca materi tembang sinom kasebut ing link iki.

Apa iku Wayang? 

Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan drama sing khas. Seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane kamot ana ing kesenian iki. Ana panganggep yen pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad 19 nganti saiki, wayang wis dikaji lan diteliti para ahli. 

Minangka kesenian rakyat utawa keraton, wayang akeh banget jenise. Ana wayang golek sing kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit sapi utawa lembu, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute. 

Cerita wayang Sumbere cerita saka Ramayana lan Mahabarata, cerita-cerita Menak, cerita-cerita Panji, utawa syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar sing nyritakake bab prastawa anyar. 

Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana wayang wong, sing dipragakake dening uwong. Wayang wong iki wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan sing apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong. 

Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan Ngayogyakarta. Ana panaliten sing nyimpulake yen wayang dadi sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa sing dualistik. 

Ana rong prekara, pihak utawa klompok sing ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan Kurawa. Kalorone dadi siji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial sing diwujudake lumantar banyolan. 

Cerita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur sing ana hubungane antara siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar, lakon, pesen sing kamot, pitutur (pesan moral) sing kakandhut sajroning cerita wayang.. 

Unsur Cerita Wayang 

Kaya karya sastra liyane, cerita wayang uga nduweni unsur-unsur pambangun. Unsur-unsur kasebut yaiku tema, latar/setting, paraga lan watak, alur, amanat, lan punjering cerita/sudut pandang. 
  • Tema / underaning cerita 
Tema yaiku gagasan ide utawa underan pokok sing dibahas sajerone cerita wayang. Tema minangka dhasar lumakune cerita wayang. 
  • Setting / latar 
Setting yaiku latar sing nyengkuyung lumakune cerita wayang. Setting ana 3, yaiku setting wayah, setting papan lan setting swasana. 
  • Sudut pandang / punjering cerita / cara pamawas. 
Unsur iki nuduhake papane panulis ing jerone cerita. Ing unsur iki, panulis bisa mapan ing 2 sudut pandang, yaiku: 
    • sudut pandang wong kapisan (pertama). Ciri saka sudut pandang iki yaiku nggunakake tembung sesulih wong kapisan: aku/ dak / tak, nyritakake apa sing dilakoni lan ngandharake rasa pengrasa pribadi kanthi tembung aku. 
    • sudut pandang wong katelu. Ciri utamane yaiku nggunakake tembung sesulih wong katelu yaiku dheweke / wonge lan sapanunggalane. 
  • Alur / plot / lumakuning cerita 
Alur yaiku rerangken kedadean sing dumadi sajerone cerita wayang. Alur diperang dadi 3 yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran.
Alur maju yaiku alur sing nuduhake laku progresif (maju). Alur mundur nyritakake peristiwa flashback, dene alur campuran nyuguhke persitiwa acak, kadang maju lan kadang mundur. 
  • Tokoh penokohan / paraga lan watak 
Paraga lan watak iku unsur sing ora bisa dipisahke. Paraga yaiku tokoh pelaku sajeroning cerita wayang, dene watak yaiku sifat sing diduweni paraga. Paraga ana 3, yaiku protagonis (tokoh apikan) tokoh antagonis (tokoh penentang protagonis) lan tokoh netral (tritagonis). 
  • Gaya Bahasa / Lelewaning Basa 
Lelewaning Basa yaiku gaya cerita panulis. Lelewaning basa iki bisa arupa majas lan purwakanthi. Majas sing umum digunakake ing cerita wayang yaiku majas sarkasme (basa kasar) lan eufisme (basa alus) ing basa krama alus. Saliane majas kasebut, ana uga majas majas hiperbola, metafora lan sapanunggalane. 
  • Amanat/ Piwulang/ Pitutur 
Amanat yaiku piwulang utawa pitutur sing ana sajeroning cerita wayang. Amanat iki ora kudu padha saben pawongan sing maca cerita. Bisa wae amanat sing ditampa pamaca siji lan liyane beda. 

Nilai-nilai Sajeroning Cerita wayang 

Sajeroning karya sastra cerita wayang, mesthine ana nilai-nilai sing bisa ditrapake dening pamaca. Nilai-nilai kasebut antarane yaiku: 
  1. Nilai budaya ana gayute karo gagasan pamikiran, asil cipta rasa karsane manungsa. 
  2. Nilai sosial minangka nilai sing ana gandheng cenenge karo brayane manungsa ing alam donya. 
  3. Nilai pendidikan minangka dalan perubahan manungsa dadi luwih apik. 
  4. Nilai moral sing jumbuh karo norma masyarakat bebrayan. 
  5. Nilai religius jumbuh karo tuntunan agama lan kepercayaan 
  6. Nilai Etika, Nilai Politis, Nilai estetis lan nilai-nilai liyane sing ana hubungane karo panguripane manungsa. 

Ngringkes Cerita Wayang 

Ngringkes utawa sinopsis yaiku proses ngringkes tulisan sing dawa supaya dadi luwih cekak, nanging ora ngurangi isine tulisan mau. Ancas gawe ringkesan yaiku supaya informasi saka tulisan luwih cepet ditampa dening pamaca. Cara gawe sinopsis yaiku 
  1. Bolan-baleni maca tulisan sing ameh diringkes. Tujuan saka cara iki yaiku supaya panulis ringkesan bisa ngerteni lan gambling bab apa sing bakal diringkes. Saliyane iku, panulis uga bisa nggawe cengkorongan ngenani wos/ isi saka wacan kasebut. 
  2. Nulis saben prastawa penting saka wacan kasebut. Ing dhuwur wis diaturake yen tujuan nulis sinopsi yaiku ngaturake informasi penting maran pamaca. Mula kudu prastawa penting sing ditulis. 
  3. Yen ana pacelathon (teks omongan), usahakna dikurangi. Cara iki minangka cara sing paling gampang ngringkes. Pacelathon ora perlu ditulis maneh. Cukup ditulis isine. 
  4. Yen gawe ringkesan, usahakna basane komunikatif. Cara iki dadi cara sing ora kalah penting. Sebab, kadhangkala para pamaca ora mengerteni tembung ukara saka cerita wayang. Mula, panulis ringkesan, kudu bisa nulis kanthi komunikatif.
Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for " Mangerteni Cerita Wayang: Unsure, Nilai-nilaine, lan Cara Gawe Sinopsise"