Deskripsi Gamelan beserta Gambarnya dalam Bahasa Jawa

Deskripsi Gamelan beserta Gambarnya  dalam Bahasa Jawa

 Kami akan menyampaikan materi pelajaran SD/MI, SMP/MTs dan SMA/SMK/MA berupa teks deskripsi Gamelan dalam beserta gambarnya dalam bahasa Jawa. Untuk lebih lengkapnya, silakan amati artikel di bawah ini.

Deskripsi Kendhang utawa Gendhang

Piranti gamelan iki digawe saka kulit sapi utawa kulit wedhus. Fungsi utama kendhang yaiku dadi punjer gamelan utawa sing ngatur iramaa gamelan. Kendhang bisa muni swarane kanthi ditabuh tangan.

Jenis kendhang cilik disebut ketipung, sing sedhengan arane kedhang ciblon/kebar. Dene kendhang sing paling gedhe, disebut kendhang gedhe. Kendhang gedhe ditabuh nalika nglaras gendhing ketawang, gendhing kethuk kalih, lan ladrang irama dadi.

Saliyane iku, gendhang gedhe bisa dimainke tempo cepet nalikane buka lancaran lan ladrang. Supaya bisa luwes nabuh kendhang, niyaga kudu gladhen kanthi disiplin lan labuh ing budaya Jawa.

Deskripsi Demung, Saron, Peking

Piranti gamelan iki ujude wilahan cacah 6 utawa 7 lan ditumpangke ana ing ndhuwur kayu minangka resonator. Piranti iki ditabuh migunakake kayu lan kadang nganggo sungu wedhus.

Deskripsi Bonang


Bonang dibagi dadi rong jenis, yaiku bonang barung lan bonang panerus. Bedane ana ing ukuran gedhe cilike lan carane nabuh. Ukuran bonang barung luwih gedhe, oktaf tengah nganti dhuwur. Bonang iki minganka salah sjijine piranti pambuka instrumen ansambel.

Deksripsi Slenthem

Manut ujude, slenthem isih kalebu gender. Malah kadang ana sing ngarani slenthem minangka gender panembung. Nanging slenthem nduweni wilah sing cacahe pada kaeo wilahe saron.

Oktafe Slenthem paling cendhek sajrone instrumen saron. Slenthem mainake lagon balungan winates kaya demung lan saron barung.

Deksripsi Kethuk, Kenong lan Kempyang

Ujude kenong mirip gong cilik. Papane ana ing ndhuwur tali sing dipenthangke ana ing kothakan kayu.



 Ing struktural gendhing, kenong dadi instrumen paling penting sawise gong. 

Kempyang wujude mirip karo kethuk. Kempyang nduweni fungsi minangka instrumen ritmis sajrone pagelaran gamelan. Saliyane iku, uga digunakake ngiringi kendang supaya oleh swara sing dipinginake.

Biasane, swarane kempyang padha saut sinaut karo kethuk. Yen digambarake, swarane mengkene "tuk bluk tuk bluk" selaras nggawe ritme sing kepenak dirungokake.

Deskripsi Gender

Yaiku instrumen sing dumadi saka wilah wesi/ kuningan. Wilah iki diselehake ana ing ndhuwur bumbung resonator.


Cara mainke gender yaiku ditabuh nganggo kayu sing pucuke digubel kain.

Deskripsi Gambang

Beda karo saron, demung lan slenthem, gambang digawe saka wilahan kayu sing ditata urut dawane. Tatanan iki adhedhasar irama sing wis dipernahake karo niyaga.

Ukurane gambang luwih gedhe lan luwih dawa tinimbang balungan saron utawa slenthem.

Deksripsi Rebab

Instrumen gamelan iki dimainke kanthi cara digesek.  Alat gesek rebab digawe saka rambut jaran.

Rupane instrumen gamelan yaiku senar kawat loro sing dipenthang ing kayu salajur. Bongkote bentuk godhong waru sing ditutup kulit membran (kulit tipis) sapi.

Butuh teknik khusus kanggo mainke insntrumen iki. Mula jarang niyaga sing pinter mainake alat iki.

Deskripsi Siter

Siter ujude padha karo kecapi. Instrumen iki ngasilake swara lumantar string (kawat) sing ditata rapi. Siter dimainke kanthi cara dipetik. Carane plek kaya main kecapi. 

Yen dideleng saka ujude, siter dibagi dadi telu yaiku sirer, siter penerus (ukurane luwih cilik tinimbang siter) lan cemplung (ukurane luwih gedhe tinimbang siter).

Deskripsi Gong

Gong yaiku instrumen gamelan sing paling gedhe. Instrumen iki nduweni fungsi buka lan mungkasi lagu utawa gendhing. Supaya bisa muni, gong kudu dipukul nganggo tabuh sing ujude kaya gada.


Bahan nggawe Gong biasane logam kuningan. Nanging ana uga sing nggawe gong saka logam wesi biasa. Gong biasa digantung ana ing cagak sing dipaes karo ukiran naga.

Deskripsi Kempul

Ujude kempul sekilas mirip kaya gong. Bedane mung ana ing ukuran. Ukurane kempul luwih cilik tinimbang gong. Kethuk kena disebut uga bendhe.
Gong kempul

Kempul sering disebut gong cilik. Fungsi utama saka kempul yaiku kanggo negesi unine laras iramane tembang

Cacahe kempul ana 8 nganti 10 iji sing ngasilake swara beda antarane siji lan liyane. Alat Pukule, awujud kayu kurang luwih 50 cm sing pucuke dibuntel kain rada kandel.


Demikian contoh Deskripsi Gamelan beserta Gambarnya  dalam Bahasa Jawa. Semoga dengan adanya artikel ini, bisa membantu teman teman semuanya. 


Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Deskripsi Gamelan beserta Gambarnya dalam Bahasa Jawa"