Contoh Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Temanten Kakung Terbaru

Contoh Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Temanten Kakung Terbaru

Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Temanten Kakung ini disampaikan oleh pihak besan lelaki. Tukang pasrah tersebut, bisa dari orangtua kandung temanten, atau bisa juga diwakilkan. 

Begitu juga tampi temanten kakung. Yang menerima calon mempelai pria adalah pihak keluarga wanita. Ini, bisa diterima langsung oleh orangtua mempelai putri, atau bisa diwakilkan sebagaimana temanten pria. 

Tak perlu berlama-lama, berikut kami sampaikan Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Tampi Mempelai Pria. 

Contoh Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Temanten Kakung

Asssalamu’alaikum Wr. Wb,

Kawula nuwun.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun Bp. ... (besan), ingkang satuhu kula bekteni. Kula ingkang minangka talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp/Ibu ... (ingkang mengku gati).

Ingkang sepisan, Bp. KUSNAN kekalih ngaturaken salam taklimipun konjuk dhumateng Bp. DARJAN kekalih, kanthi pepuji mugi-mugi pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang sesilih Bg. ... ingkang badhe kadhaupaken Rr. ... putra-putrinipun Bp. ... (ingkang mengku gati) kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan penganten sapendherek. (saged kaaturaken peranganipun, contonipun, sangsangan rinonce, kundala krincing, kalpika, ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedaya kalawau arupi beburoning wana).

Menggah sedaya kalawau kaaturaken kanthi suka renaning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun. Pramila sampun kaukur kanthi bobot lan bebeting barang. Mugi kersa anampi minangka tali asih katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan lan silaturahmi.

Bp/Ibu ... (besan) ndherek nyenyuwun dhateng Gusti Allah SWT, mugi paringa berkah pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi wilujeng nir ing sangsaya mboten wonten alangan setunggal punapa sumrambah ing samudayanipun.

Kula ingkang minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging subasita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah-srahan sedaya nyuwun samodraning pangaksama.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

 

Demikian tadi Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Mempelai Pria. Semoga dengan adanya Pidato Bahasa Jawa 
Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for " Contoh Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Temanten Kakung Terbaru"