Contoh Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas XII Semester Ganjil (2)

Contoh Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas XII Semester Ganjil

Kami akan membagikan contoh soal UHT atau midsemester mata pelajaran Bahasa Jawa Kelas XII pada semester Ganjil. Berikut adalah cuplikan dari soal yang akan kami bagikan.

Soal  UH Bahasa Jawa Kelas XII
Materi Geguritan & Tembang

  1. Supados saged ngraosaken kaendahaning geguritan perlu nggatosaken wicara,wirama,wirasa lan wiraga

    1. jlentrehna babagan wicara lan wirama!

    2. jlentrehna babagan wirasa lan wiraga!

  2. Sebutna 

    1. piguna tembang macapat

    2. tandha-tandha / titikaning tembang macapat

  3. A.  Gambuh

aja nganti kebanjur

sabarang polah kang nora jujur

yen kebanjur sayekti kojur tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos


B.  Maskumambang

aja sira niru tindak kang tan becik

nadjan ta wong liya

lamun pituture becik

iku kaki den estokna


Pitakon

  1. Sebutna paugeraning tembang ing nginggil

  2. adhedhasar wewataking tembang sebutna piguna tembang nginggil

  3. jlentrehna pitutur kang kaemot ing tembang nginggil

  4. damela sapada tembang gambuh/ maskumambang

  1. Serata kanthi aksara Jawi

    1. tiyang sinau nabuh gamelan punika sanes golongan sinau prekawis gampil, amargi paugeran ingkang dipunsinaoni boten kasat mata kadosta swanten, laras lan rasa

    2. tiyang sinau gamelan punika sejatosipun ngulinakaken lelagoning gendhing, wondene gendhing punika pakempalanipun swanten warni-warni ingkang sampun linaras lan winangun ing raos

  2. A.  Tahajud

…..

aku ndhendhepe karep

dosa-dosa iki kudu walaka marang sapa

marang saben ngaling-alingi

dosa-dosa kang tansah dakjumputi dakcelengi

ing sepine wengi

ora ana sapa-sapa

ing telenging ati

aku bisa walaka


B.  Golek Dalam Bener

....

Geneya...

bagaskara mesem sumilak hangajak

gawe driya adhem ora kudu nyuwara seru mundhak saru

dielus elus nganggo tembung lirih

dilela-lela salumrahe mesthi krasa

dheweke dudu debog tanpa rasa lan wignya


Damela gancaraning geguritan nginggil !



Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Contoh Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas XII Semester Ganjil (2)"