Ringkasan Cerita Wayang Gatotkaca Gugur Bahasa Jawa

Cerita Wayang Gatotkaca Gugur Bahasa Jawa


Kami akan membagikan cerita wayang Gatotkaca Gugur dalam bahasa Jawa.

Gatotkaca adalah putra kesayangan dari Raden Werkudara dan Dewi Arimbi. Gatotkaca merupakan kesatriya di Pringgondani.

Hayo, siapa yang mau jadi gatotkaca. Ia bisa terbang tinggi sekali. Bahkan saking tingginya, bisa melebihi tingginya awan di angkasa. Hebat, bukan?

Nah, tak perlu berlama-lama. Yuk, baca cerita wayang dengan lakon gatotkaca gugur di bawah ini!

GUGURE GATOTKACA

Srengenge wis angslup. Lan manut aturan, perang kudu leren. Ning ora ngerti ngapa, Korawa nglanggar aturan lan ngutus Adipati Karna menyang perkemahan Pandawa.

Adipati Karna nerobos lan ngrusak pasukan Pandawa. Sri Kresna banjur ngangkon Gatotkaca maju nglawan Adipati Karna. Gatotkaca gelem nglakokake printahe raja Dwarawati kuwi.

Gatotkaca ngetokna kabeh ilmune. Dheweke mabur banjur mudhun nyamber mungsuhe. Sepisan nyamber, puluhan prajurit Hastina klenger tanpa daya.

Adipati Karna dadi mindher ngadhepi Gatotkaca sing kebal saka landhepe senjata. Prabu Duryudana kawatir karo nasib pasukane nek Gatotkaca terus mengamuk.

Duryudana ngongkon Adipati Karna supaya nggunakne senjata pamungkase, Kunta Wijayandanu. Karna nolak marga senjata andalane kuwi arep digunakne kanggo ngadhepi Arjuna. Duryudana meksa. Sidane Adipati Karna nggunakne Kunta Wijayandanu. 

Gatotkaca sing ngerti kaunggulane senjata kuwi, mabur sadhuwur-dhuwure. Senjata Kunta Wijayandanu sing dilesatke Adipati Karna ora tekan Gatotkaca sing mabur neng dhuwur angkasa.

Ing angkasa, arwah Kalabendana, pak-like Gatotkaca muncul. Arwah Kalabendana nyamber Kunta Wijayandanu lan neruske lesate. Kunta Wijayandanu banjur nusuk pusere Gatotkaca, yaiku panggon warangka senjata Kunta Wijayandanu sing nyawiji karo awake Gatotkaca wektu bayi.

Awake Gatotkaca ameh nibani keretane Adipati Karna. Adipati Karna sing ngerti tibane, banjur cepet-cepet mlompat ngadoh saka keretane. Kereta Adipati Karna hancur lebur. Semono uga kusir lan jaran-jarane. 

Gugure Gatotkaca dadi kabar bungah kanggo kubu Korawa. Sawalike, kesedhihan nglimputi Pandawa. Werkudara ora kuat nyangga awake amarga ndeleng Gatotkaca gugur.

Ibune, Dewi Arimbi uga ora kuwat nahan emosi. Dewi Arimbi nyemplungke awake ing mawa sing mengangah. Wis dadi tekade, yen anake mati ndhisiki, dheweke arep nglayu ngobong awak.

Demikian kisah gugurnya Gatotkaca. Jika masih penasaran dengan gugurnya gatotkaca, silakan tinggalkan pertanyaan komentar di bawah ini.

Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Ringkasan Cerita Wayang Gatotkaca Gugur Bahasa Jawa"