Soal Ulangan Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Kelas XI Semester 2

Soal Ulangan Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Kelas XI Semester 2
SOAL ULANGAN HARIAN BAB 1 
SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH KELAS XI SEMESTER 2

Wangsulana pitakonan-pitakona ing ngandhap punika!

1.        Adhedhasar serat wedhatama ing ngandhap analisisa babagan ater-ater, panambang, seselan, tembung rangkep, purwakanthi, lan garba!

“Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sungsum
Tumrah ing rah memarah antenging ati
Antenging ati dunungku
Angruwat ruweting batos”

2.      Gatosaken cakepan tembang ing ngandhap punika!

Manungsa iku perlu
Nduweni sifat teges lan jujur
Kaliyan kancane mboten pareng srei
Kudu dadi wong bersyukur
Wong prasaja mboten awon

Pitakonan:

a.       Jlentrehaken tegesipun ukara ingkang kacithak kandhel!
b.      Jlentrehaken wosing saking tembang kasebut!
c.       Jlentrehaken piwulang tembang kasebut!

3.      Damela cakepan tembang gambuh kanthi tema becik marang sasama, temtokaken wosing lan piwulang tembang! 

4.       Adhedhasar serat wedhatama ing ngandhap analisisa babagan ater-ater, panambang, seselan, tembung rangkep, purwakanthi, lan garba!

“Yeku wenganing kalbu
Kabukane kang wengku winengku
Wewengkone wis kawengku neng sireki
Nging sira uga kawengku
Mring kang pindha kartika byor”

5.      Gatosaken cakepan tembang ing ngandhap punika!

Manungsa iku perlu
Nduweni sifat teges lan jujur
Kaliyan kancane mboten pareng srei
Kudu dadi wong bersyukur
Wong prasaja mboten awon

Pitakonan:

a.       Jlentrehaken tegesipun ukara ingkang kacithak kandhel!
b.      Jlentrehaken wosing saking tembang kasebut!
c.       Jlentrehaken piwulang tembang kasebut!

6.      Damela cakepan tembang gambuh kanthi tema tresna lan bungah marang kabudayaan, temtokaken wosing lan piwulang tembang! !

 Kunci Jawaban

1. Analisis babagan ater-ater, panambang, seselan, tembung rangkep, purwakanthi, lan garba

·         Ater-ater: angruwat

·         Panambang: Badanipun, antenging, ruweting

·         Seselan: -

·         Purwakanthi:

o    antenging ati antenging ati (Pur. Basa)

o    tumrah ing rah memarah (Pur. Swara)

o    Angruwat ruweting batos (Pur. Sastra) 

·         T. Rangkep: -

·         Garba:

2.
  • a. Wong prasaja mboten awon tegese wong mulya ora tumindak angkara
  • b. Wosing tembang : manungsa kudu duweni tumindak kang becik yaiku kudu jujur, boten meri lan asring ngucap supaya urip mulya lan adoh saka tumindak ala/ angkara
  • c. piwulang tembang : yen pengen urip mulya kudu tumindak ingkang becik
3. Kasumanggakaken dwija
4. Analisis babagan ater-ater, panambang, seselan, tembung rangkep, purwakanthi, lan garba

 
·         Ater-ater: Kabukane, Kawengku   
·         Panambang : Kabukane, Wewengkone   
·         Seselan:  Winengku   
·         Purwakanthi:

o    Yeku wenganing kalbu Kabukane kang wengku winengku (Pur. Swara)

o    wengku winengku (Pur. Basa)

o    wengku winengku wewengkone (Pur. Sastra)

·         Tembung Rangkep -   
·         Garba

o   1. Yeku (ya+iku)

o   2. Sireki (sira+iki)

o   3. Mring (mara+ing)


5. a. Kaliyan kancane mboten pareng srei tegese karo kanca ora entuk meri
b. Wosing tembang : manungsa kudu duweni tumindak kang becik yaiku kudu jujur, boten meri lan asring ngucap supaya urip mulya lan adoh saka tumindak ala/ angkara
c. piwulang tembang : yen pengen urip mulya kudu tumindak ingkang becik

 

Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Soal Ulangan Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Kelas XI Semester 2"