Apa iku Tembung Entar lan kepiye Contone ing ukara?

Apa iku Tembung Entar lan kepiye Contone ing ukara?

Apa iku Tembung Entar?

Tembung entar yaiku tembung silihan utawa dudu tembung baku. Gampange Tembung entar yaiku tembung sing dudu makna sebenere. Ing basa Indonesia diarani kata konotasi. Makna Tembung iki geseh utawa beda karo tembung asline.

Tembung entar bisa ditemoni ing pocapan saben dina. Saliyane iku, uga bisa ditemokake ing jero teks sastra kaya novel, geguritan utawa teks liyane. Tembung iki bisa kanggo perumpamaan.


Tuladhane tembung Entar

  • Dawa tangane tegese yaiku seneng maling, njupuk barange liyan
  • Lunyu ilate tegese pinter guneman, pinter omong
  • Dawa ususe tegese yaiku sabar, sareh ngadhepi coba
  • Jembar dhadhane tegese yaiku nrima ing pandum
  • Adus kringet tegese yaiku kerja keras, tenan kerjane
  • Abang kupinge tegese yaiku kempropok, emosi krungu swara sing nyerikne ati
  • Gedhe omong tegese yaiku sombong, gumedhe

Conto Tembung Entar ing Ukara

  • Aja kekancan karo dewi sing dawa tangane.
  • Aji lunyu ilate kaya dene welut.
  • Dadi Ibu kudu dawa ususe nalika ngurusi anak.
  • Bunda dadi abang kupinge krungu omongane tangga.
  • Ora usah gedhe omong yen ora bisa nglakoni.
  • Muga-muga sing kena musibah dijembarke dhadhane.

Contoh Tembung entar lan Tegese

Ing ngisor iki, ana daftar tembung entar sekalian artine. Gatekna!

A

  • Abang kupinge artine yaiku nesu banget
  • Abangke kuping artine yaiku gawe nesu
  • Abang abang lambe artine yaiku ora temenan, mung lelamisan
  • Abang raine artine yaiku nandhang isin (wirang)
  • Adol ayu artine yaiku ngendelake ayune
  • Adol bagus artine yaiku ngendelake baguse
  • Adol gawe artine yaiku ngatonake penggaweyane
  • Adol kringet artine yaiku nyambut gawe
  • Adol kwanen artine yaiku ngendelake kwanene
  • Adol krungon artine yaiku golek golek warta/kabar
  • Adol sendhe artine yaiku adol barang menyang gadhen
  • Adol umbag/umuk artine yaiku akeh omonge, ning ora ana nyatane
  • Adus getih artine yaiku tatune nemen banget
  • Adus kringet artine yaiku nyambut gawe, abot banget
  • Adus luh artine yaiku nemen anggone nangis
  • Akeh sandhungane artine yaiku akeh alangane
  • Ala jenenge artine yaiku kurang dipercaya
  • Ala kandhutane artine yaiku ala watake
  • Ala tembunge artine yaiku tembunge kasar/saru
  • Alus tembunge artine yaiku kepenak dirungokake
  • Amba jangkahe artine yaiku bisa ikhtiyar mrana-mrana
  • Apus krama artine yaiku dibujuki/diapusi cara alus
  • Asor budine artine yaiku bebudene ala
  • Asor yudane artine yaiku kalah
  • Ati dhondhong artine yaiku atine ala
  • Atine ana wulune artine yaiku atine ala/dengki

 B

  • Balang liring artine yaiku nglirik mripat
  • Bau suku artine yaiku abdi/batur
  • Bau tengen artine yaiku wong kang dipercaya
  • Bening atine artine yaiku sumeh
  • Buang sangkal artine yaiku ngilangi/mbuang apes
  • Bukak wadi artine yaiku ngandhakake wewadine
  • Buang tilas artine yaiku nutupi tumindake sing ala

C

  • Cagak lek artine yaiku camilan supaya betah melek
  • Cagak urip artine yaiku kanggo nyukupi kebutuhan uripe
  • Cancut taliwanda artine yaiku tandang gawe
  • Cangkem gatel artine yaiku seneng ngrasani/nggunem
  • Cedhak umure artine yaiku gelis mati
  • Cepak jodhone artine yaiku gelis oleh jodho
  • Cepak rejekine artine yaiku gampang oleh rejeki
  • Clik atine artine yaiku kuwatir/wedi
  • Cupet atine artine yaiku gampang nesu
  • Cupet budine artine yaiku ora bisa nggayuh kautaman
  • Cupet jangkahe artine yaiku ora bisa golek sarana
  • Cupet nalare artine yaiku ora bisa mikirake werna-werna
  • Cupet pangandele artine yaiku ora percaya

 D

  • Dadi gawe artine yaiku ngrepotake
  • Dawa-dawa uja artine yaiku perkara kang ora uwis uwis
  • Dawa tangane artine yaiku seneng nyolong jupuk
  • Dhedher kautaman artine yaiku nandur kebecikan
  • Dhuwur atine artine yaiku gumedhe
  • Dhuwur pangkate artine yaiku dadi wong pangkat/panguwasane

E

  • Empuk rembuge artine yaiku guneme enak dirungokake
  • Entek atine artine yaiku keweden/kuwatir banget
  • Entheng sanggane artine yaiku ora rekasa
  • Entheng tangane artine yaiku seneng tandang gawe

G

  • Gadho ati artine yaiku gawe susah ati
  • Gantung kepuh artine yaiku sandhangane ora tau ganti
  • Gantung untu artine yaiku selak kepingin mangan
  • Gedhe atinee artine yaiku tatag; ora kuwatir
  • Gedhe endase artine yaiku sombong (kemlungkung)
  • Gedhe omonge artine yaiku umuk ora ana nyatane
  • Gedhee tekade artine yaiku ora gampang pasrah
  • Gedhekake puluk artine yaiku ora ana prihatine
  • Gegem tangan artine yaiku kesed nyambut gawe
  • Gilig rembuge artine yaiku rembugane pasti/mesti
  • Gilig tekade artine yaiku tekade ora bakal mundur
  • Gilud kawruh artine yaiku golek ilmu kanthi mempeng
  • Golek slamet artine yaiku ati-ati supaya, ora cilaka
  • Golek urip artine yaiku nyambut gawe nggo nyukupi butuhe

I

  • Idu geni artine yaiku omongan tansah kelakon
  • Ilat mati artine yaiku ora bisa ngrasakake
  • Ilang klilipe artine yaiku ilang mungsuhe

J

  • Jakalara artine yaiku rikala nom-e rekasa
  • Jembar dhadhane tegese sugih pangapura; sabar banget
  • Jembar kawruhe artine yaiku akeh ngilmune
  • Jembar kubure artine yaiku mlebu swarga
  • Jembar polatane artine yaiku sumringah
  • Jembar segarane artine yaiku sugih pangapura; sabar
  • Jero kawruhe artine yaiku akeh ngilmune; pinter

K

  • Kadalu warsa artine yaiku kasep; wis kliwat
  • Kandel kulite artine yaiku digdaya; sekti
  • Kandel kupinge artine yaiku ora nggugu pitutur
  • Kaku atine artine yaiku tansah ora sarujuk/sulaya
  • Kasar tembunge artine yaiku tembung saru
  • Katon dhadhane artine yaiku wani adu arep
  • Kegugah atine artine yaiku sadar/eling
  • Kelepetan ala artine yaiku katut ala
  • Kembang lambe artine yaiku tansah digunem kebecikane
  • Kakehan tangan artine yaiku kakehan sing nyandhak
  • Kembang urip artine yaiku lelakone wong urip werna-werna
  • Kena tinenga-tenga artine yaiku kena disambati
  • Kenceng karepe artine yaiku kekarepane kudu keturutan
  • Kenceng tekade artine yaiku tekade ora bakal mundur
  • Kulak warta artine yaiku golek kabar/warta
  • Kuwat drajat artine yaiku cocok dadi pemimpin/panguwasa
  • Kuwat isin artine yaiku mblebes ora isinan
  • Kuwat mangan artine yaiku mangane akeh

L

  • Lambe tipis artine yaiku criwis/akeh omonge
  • Landhep dhengkul artine yaiku kethul banget
  • Landhep pikirane artine yaiku pinter banget; gampang ngerti
  • Lara ati artine yaiku serik atine
  • Lara ayu artine yaiku lara cacar
  • Lara owah artine yaiku edan; gendheng
  • Larang pangan artine yaiku paceklik
  • Lobok atine artine yaiku sabar
  • Luhur budine artine yaiku kelakuane becik/apik
  • Luhur drajate artine yaiku dadi wong pangkat/panguwasa
  • Lurus lakune artine yaiku jujur
  • Lumah tangan artine yaiku ora gelem cawe-cawe
  • Lunyu ilate artine yaiku guneme mencla-mencle

M

  • Manis eseme artine yaiku esem ngresepakake ati
  • Manis rembuge artine yaiku guneme nyenengake ati
  • Mara tangan artine yaiku seneng gawe lara/milara
  • Masa bodhoa artine yaiku pasrah
  • Mata dhuwitan artine yaiku srakah marang dhuwit
  • Mata loro artine yaiku mangro tingal
  • Mateni pangane artine yaiku gawe ilang panguripane
  • Mateng kawruhe artine yaiku mumpuni; kawruhe wis tutug
  • Mateng rembuge artine yaiku guneme wis disarujuki
  • Mati sandhang pangane artine yaiku ilang dalane golek panguripane
  • Mati raga artine yaiku prihatin; tapa, tirakat
  • Medhot dalan artine yaiku ora diterusake
  • Metani lupute artine yaiku nggoleki salahe
  • Meres kringet artine yaiku nyambut gawe mempeng
  • Meres pikir artine yaiku temenan anggone mikirake
  • Mogel ilate artine yaiku mangan sing sarwa enak
  • Mogol sinaune artine yaiku ora tutug sekolahe
  • Murang tata artine yaiku kurang ajar, ora duwe duga

N

  • Nandhang sungkawa artine yaiku lagi susah
  • Nandur kebecikan artine yaiku gawe kebecikan
  • Ngadu wuleding kulit artine yaiku adu kekuwatan
  • Ngangsu kawruh artine yaiku golek ngelmu/meguru/sekolah
  • Ngatonake siyunge artine yaiku nuduhake kekuwatane/ kuwanene
  • Ngatonake dhadhane artine yaiku umuk, sumbar
  • Ngekep dhengkul artine yaiku nganggur ora nyambut gawe
  • Ngendhaleni hawa napsu artine yaiku nyegah kekarepan ala
  • Ngepuh kringet artine yaiku nyambut gawe mempeng
  • Ngemut driji artine yaiku ora oleh apa-apa
  • Nyolok mata artine yaiku ketara banget

O

  • oleh ati artine yaiku disenengi
  • oleh gawe artine yaiku kaleksanan
  • oleh wirang artine yaiku kisinan
  • oleh lara artine yaiku kalaran
  • ora duwe ati artine yaiku kuwatir banget, weedi
  • ora melek artine yaiku ora ngerti
  • ora ngundhuh artine yaiku ora oleh apa-apa

P

  • Padhang dalan artine yaiku mlebu swarga
  • Padhang hawa artine yaiku lair ing donya
  • Padhang langite artine yaiku seneng
  • Padhang pikire artine yaiku lega seneng
  • Padhang ulate artine yaiku sumeh
  • Pait getire urip artine yaiku warna-warna lelakone wong urip
  • Pait lelakone artine yaiku urip rekasa
  • Panas atine artine yaiku nesu banget
  • Pecah pamore artine yaiku wis ngancik diwasa
  • Pecah pikir artine yaiku wiwit bisa golek srana
  • Pedhes rembuge artine yaiku guneme gawe serik
  • Perih atine artine yaiku susah banget
  • Peteng atine/pikire artine yaiku susah
  • Pingget atine artine yaiku serik
  • Pulih getihe artine yaiku pak-puk, ora kalah ora menang
  • Puput yuswa artine yaiku mati, seda

 R

  • Rai gedheg artine yaiku ora duwe isin
  • Rengga praja artine yaiku njaga negara
  • Rengga salira artine yaiku dandan/macak
  • Runtuh atine artine yaiku tuwuh welase
  • Rupak atine artine yaiku cugetan/ora gampang ngapura
  • Rupak jagade artine yaiku judheg; ora bisa mrana-mrana

S

  • Sabuk gelang artine yaiku sawahe akeh banget
  • Sepi kawruh artine yaiku bodho/ora duwe ilmu
  • Sepi pamrih artine yaiku ora duwe pamrih
  • Seret rejekine artine yaiku ora gampang golek rejeki
  • Sesak dhadhane artine yaiku mangkel/anyel
  • Sumpeg atine artine yaiku susah/sedih

T

  • Tadhah kalamangsa artine yaiku dipangan
  • Tadhah udan artine yaiku lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
  • Tatu atine artine yaiku serik banget
  • Tanpa tilas artine yaiku entek blas
  • Tipis lambene artine yaiku criwis, seneng nggunem wong liya
  • Thukul pikire artine yaiku nduwe akal
  • Thukul turune artine yaiku nduwe anak

U

  • Udan tangis artine yaiku akeh sing padha nangisi
  • Ulat peteng artine yaiku katon nesu
  • Ulat manis artine yaiku sumeh
  • Utang lara artine yaiku tau nggawe laran wong liya
  • Utang nyawa artine yaiku tau nggawe patine wong liya
  • Utang pati artine yaiku tau nggawe patine wong liya
  • Utang wirang artine yaiku tau nggawe wirange wong liya

W

  • Walang ati artine yaiku sumelang/kuwatir
  • Wani mati artine yaiku nekad/kendel banget
  • Wani silit wedi rai artine yaiku ora wani terang-terangan
  • Weteng kadit artine yaiku dremba/ora tampikan
  • Weteng karet artine yaiku panganane akeh
  • Wedi getih artine yaiku jirih/ora wani
  • Wedi kangelan artine yaiku lumuh/kesed
Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Apa iku Tembung Entar lan kepiye Contone ing ukara?"