Apa Iku Tembung Yogyaswara? Cirine lan Contone Tembung Yogyaswara

Apa Iku Tembung Yogyaswara? Cirine lan Contone Tembung Yogyaswara

Apa Iku Tembung Yogyaswara?

Tembung yogyaswara yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji. Pangucape mirip, dinggo bebarengan. Biasane vokal pungkasan tembung sepisan iku “a” lan tembung kapindho iku vokal “i”. Tembung yogyaswara nduweni teges lanang lan wadon.


Yogyaswara saka tembung yogya artine apik lan "swara". Tembung Yogyaswara tegese yaiku tembung sng suwarane apik lan kepenak dirungokne. Tembung iki biasane mapan ana ing jero teks sastra kaya Puisi, Novel lan kadang ana ing tembung ukarane pranatacara.

 Ciri tembung yogyaswara yaiku

  • Tembung 2 dirangkep dadi siji
  • Nduweni teges lanang lan wadon
  • Vokal tambung sepisan “a” lan tembung kapindho vokale “i”
  • Dudu tembung rangkep
  • Yen salah sijine tembung diilangi, tetep nduweni teges utawa makna.

Tuladhane tembung Yogyaswara

  • Yaksa yaksi yaiku arane mahluk lanang wadon. Ing agama hindu, mahluk iki ujude setengah dewa setengah manungsa. Biasane diujudake rupa raksasa.
  •  Widadara widadari yaiku bidadari lanang lan bidadari wadon.
  • Siswa siswi yaiku sebutan kanggo murid lanang lan murid wadon. Sebutan iki mung kanggo murid ing TK, SD, SMP lan SMA.
  • Raseksa raseksi yaiku nduweni teges raksasa lanang lan raksasa wadon. Raksasa nduweni jeneng liya utawa dasanama buta.
  • Putra putri nduweni teges minangka sebutan kangge anak lanang lan anak wadon.
  • Pemudha pemudhi artine padha karo cah nom lanang lan cah nom wadon sing isih legan utawa bujang.
  • Mahasiswa mahasiswi nduweni arti padha karo siswa siswi. Bedane mung panggon sekolahe. Mahasiswa mahasiswi berarti murid ing sekolah tinggi kaya universitas, akademi, Sekolah tinggi lan sapanunggalane.
  • Gandarwa gandarwi dadi sebutane dewa lanang lan dewa wadon.
  • Kedhana kedhini tegese yaiku anak loro lanang lan wadon.
  • Dewa dewi tegese sebutane dewa lanang lan dewa wadon.
  • Bathara bathari nduweni arti minangka dewa lanang lan dewa wadon kanggone wong Hindu.
  • Apsara apsari / hapsara hapsari yaiku bidadari lanang lan bidadari wadon.

 Tuladha tembung Yogysawara ing ukara

Tembung Yogysawara biasane dianggo dening pranatacara. Tujuane supaya tembunge pranatacara luwih endah lan nyenengake nalika dirungokne. Ananging aturan iki ora baku. Ing karya sastra uga akeh ditemokake tembung Yogysawara iki.

Tuladha ukara sing nganggo tembung Yogysawara.

  • Pak Dosen nembu mucal mahasiswa mahasiswi ing kampus.
  • Siswa siswi SMA padha melu ujian sekolah berstandar Nasional.
  • Nalika ana pelangi, wong wong padha percara yen dewa dewi pada mudhun saka kahyangan.
  • Manten lanang lan manten wedok endahe kaya hapsara hapsari.
  • Bethara bethari lagi ngadhep Bethara Guru.
Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Apa Iku Tembung Yogyaswara? Cirine lan Contone Tembung Yogyaswara"