Deskripsi Singkat Panganan Tradhisional Jawa

Deskripsi Singkat Panganan Tradhisional Jawa

Apa iku Teks Deskripsi?

Teks Deskripsi yaiku tulisan utawa karangan sing nggambarake samubarang, papan, kahanan, utawa barang kanthi tembung-tembung kanthi pratela utawa jelas. Padatan sing nggambarake ing karangan iku kasile ngamati ngganggo mripat. 

Teks deskripsi nengenake gambaran saka wujud, titikan, lan kahanan samubarang sing digambarake kanggo panggonan lan wektu tertemtu. 

Kabudayan yaiku babaring nalaring manungsa maujud; kagunan, kapinteran, lsp (Bausastra Jawa, S. Prawira Atmaja, 1999; 50). Kabudayan kasebut minangka “ciri khas” saka tlatah Jawa Tengah sing mbedakake saka tlatah liyane. 

Ing kabudayan iku ora mung dadi “ciri khase” ananging uga ngemot teges lan pitutur luhur tumprap urip bebrayan. Jawa Tengah minangka daerah sing nduweni maneka warna kabudayan, antarane upacara adat, omah adat, tembang, barang, beksan, basa lan uga panganan tradhisional. 

Panganan tradhisional minangka tetedhan sing kalebu salah sijine budaya Jawa Tengah sing nduweni warna-warni wujude. Panganan tradhisional ora mung enak rasane, unik warnane lan cawisane, nanging uga ing wektu tartamtu nduweni teges lan makna. 

Sakliyane iku panganan tradhisional iku minangka warisan budaya saka para leluhur. mula awake dhewe kudu njaga lan nglestarikake panganan mau. soku-sokur yen bisa ngembangke nganti negara manca.

Deskripsi Panganan Tradhisional

Panganan tradhisional yaiku panganan utawa jajanan khas saka daerah tinamtu. Maneka warna panganan tradhisional yaiku jadah, mata kebo, klepon, gethuk, onde-onde, cenil, mendhut, iwel, awuk-awuk, lan sapiturute. Panganan kasebut ing jaman saiki rada angel ditemokake amarga saiki wis kebak panganan sing luwih modheren. 

Saben kutha ing Jawa tengan nduweni panganan tradhisional sing khas, kaya ta Banjarnegara nduwe panganan tradisional Dawet Ayu lan Buntil; Blora nduweni sega pecel, sate ayam, sate jagal, oseng ungker; Boyolali nduwe brem lan susu sapi; Cilacap nduwe krupuk tengiri, Wonogiri nduwe thiwul lan gaplek; Pati nduwe sega gandhul lan Wonosobo nduwe mie ongklok, tempe kemul lan sapanunggalane. 

Contoh Teks Deskripsi Singkat Panganan Tradhisional

Setitikna tuladha teks Teks Deskripsi Panganan Tradhisional ing ngisor iki! 

Contoh Deskripsi Singkat Klepon 

Klepon yaiku jajanan tradhisional saka Jawa Tengah. Jajanan iki bisa ditemokake ing pasar tradhisional utawa toko kue. Klepon biasane nduweni warna ijo. Warna ijo iki digawe saka peresan pandan utawa pewarna makanan. Dene bentuke bulet.

Bahan utama jajanan iki yaiku tepung beras lan gula jawa utawa gula aren. Ukurane klepon saukuran setin utawa kelereng. Nalika wis mateng, klepon biasane ditambahi parutan klapa ing dhuwure. Rasane legi, gurih tur enak.

Klepon kelebu panganan tradisional sing akeh peminate. Ciri utama jajanan iki yaiku nalika dipangan, gulane muncrat ing jero cangkem.

Deskripsi Singkat Mendhowan 

Mendhowan yaiku jajanan tradhisional ing Jawa Tengah. Panganan iki bisa ditemokake ing bakul angkringan lan tukang gorengan ing pinggir dalan. Jajanan iki bisane dinggo lawuh mangan.

Panganan iki nduweni ciri khas yaiku ujude tempe kotak lan dikemuli tepung. Carane gawe panganan iki ora angel. Bahane yaiku bumbu dapur, tempe lan tepung. Bahan-bahan mau dicampur dadi siji.
 
Sawise dicampur, jegurke tempe sing wis dipotong ing jero minyak sing wis panas. Goreng nganti mateng. Paling enak, dipangan nalika isih anget.

Deskripsi Singkat Bakwan / Badak 

Kabeh wong Jawa ora asing karo panganan siji iki. Jenenge saben daerah beda. Ing Semarang, jajanan iki diarani badak, ing Grobogan diarani Bakwan.

Jajanan iki biasane disandingke karo mendhowan. Mergane, jajanan iki bisa ditemokake ing angkringan utawa bakul gorengan pinggir dalan.

Panganan iki nduweni ciri khas yaiku bahane sayuran sing lumayan akeh. Ana wortel, kol, sledri lan cambah. Kabah bahan mau diiris lan dicacah dadi cilik-cilik. Sakwise iku dicampur aduk ing ulenan tepung beras. Sakwise bahan kecampur, banjur digoreng ing minyak panas.

Panganan iki enak dipangan nalika isih anget. Kanggo Sing doyan pedhes, bisa karo nyeplus Lombok rawit.

Deskripsi Singkat Rolade 

Rolade uga ana sing ngarani amburadul. Panganan iki kelebu jajanan khas ing Jawa Tengah. Ciri utama panganan iki yaiku ujude sing ora karuan, mula ana sing ngarani amburadul. Bahan utama jajanan iki biasane godhong pohong, tahu lan tepung. 
Carane gawe yaiku bahan mau diaduk dadi siji. Sawise iku bajnur digoreng nganti mateng. Yen penasaran, awakmu bisa nemoni panganan iki ing bakul gorengan utawa angkringan pinggir dalan.

Deskripsi Singkat Sega Liwet 

Sega liwet salah sawijining panganan tradisional saka kota solo. bahan dasar sega liwet yaiku beras sing dimasak nganggo santen lan duduh iwak pitik saengga rasane gurih. sega liwet lewat duweni lawuh sambel goreng Jepang, endhog pindang, daging Iwak Pitik disuwir, lan kumut (santen kenthel), sak liyane lawuh mau sega liwet uga dilawuhi sate usus, sate rempela ati, tahu utawa tempe bacem. biasane sega liwet didol kanthi cara dipincuk nganggo godhong gedang.

Deskripsi Singkat Lemper 

Lemper ya iku panganan sing digawe Saka ketan putih sing di isi abon utawa daging pitik diiris-iris lan dibungkus nganggo godhong gedhang. Panganan iki ujude pada karo lontong nanging ukurane Luwih cilik.

Bahan utamane ya iku ketan sing dimasak nganti mateng isi abon Pitik utawa sambel goreng ati. Panganan iki wis terkenal sa Indonesia. Rata-rata toko roti lan toko jajanan tradisional padha adol jajanan iki.

Deskripsi Singkat Apem 

Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning beberapa wilayah. 

Kaya dene apem, saiki wis jarang banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.

Apem iki digawe saka repung beras lan tape pohong utawa sing biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. 

Aja lali gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan –bahane sing digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan-bahan kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus.

Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.

 

Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Deskripsi Singkat Panganan Tradhisional Jawa"