Apa Iku Teks Eksposisi?
Teks utawa Wacana eksposisi yaiku sawijining teks sing isine menehi informasi lan njembarake pangertene wong sing maca. Teks eksposisi isine gagasan lan fakta.Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
Teks ekposisi nduweni informasi lan pengetahuan sing nggambarake samubarang kanthi padet, singkat lan jelas. Teks eksposisi digunakake pangarang kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kagiyatan.
Tujuan saka teks ekposisi iki yaiku kanggo menehi gambaran lan nambah pengetahuan wong sing maca. Kanthi maca teks eksposisi iki, wong sing maca bakal ketambahan ilmu kanthi rinci ngenani bab masalah sing disinaoni.
Struktur Teks Eksposisi
Struktur Teks eksposisi kaperang dadi 3, yaiku nduweni arti utawa teges1. Pambuka (panemu)
Bagian pambuka iki isine panemu utawa pendapate panulis. Panemu iki bisa awujud gagasan utawa respon marang samubarang.
2. Surasa/ isi (bukti, alesan, argumen)
Argumen yaiku bagian teks eksposisi sing isine pendapat sing nguwatake panemu panulis.
3. Panutup (dudutan sing nguwatake argument adhedhasar bukti)
Bagian teks eksposisi isine yaiku penguatan utawa penegasan ulang panemune panulis.
Ciri-ciri wacan Eksposisi
§ Arupa wacan informasi.
§ Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
§ Wasananing wacan ana penjelasan.
Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.
Jenis Wacan eksposisi
§ Wacan sing nuduhake proses.§ Wacan sing nuduhake tuladha.
§ Wacan sing nuduhake sebab akibat.
Gugon Tuhon
Gugon tuhon yaiku salah sawijining kepercayaan ngenani bab tinantu sing wis ana wiwit jama mbiyen. Gugon tuhon saka dumadi saka tembung gugu+an lan tuhu+an. Gugu nduweni teges percaya lan tuhu nduweni arti ditetepi, ora mblenjani.Gugon tuhon dadi salah sawijining kapitayan sing sok ora tinemu ing nalar (tidak masuk akal). Kanggone wong sing percaya gugon tuhon, bakal ana rasa sumelang (khawatir) yen nglakoni utawa ninggal gugon tuhon iki.
Gugon Tuhon kagolongake dadi 3 yaiku pituru sinandhi, wewaler lan bocah sukerta.
A. Pitutur Sinandhi
- Aja gawe sumur ing ngarepan omah nduweni arti utawa teges amarga bebayani bocah dolan
- Aja kureb ajang nduweni arti utawa teges sawise madhang, aja banjur ajange dikurebake, bedik isahana dhisik
- Aja lungguh bantal, mundhak wudunen nduweni arti utawa teges bantal iku mapane ana sirah, menawa dilungguhi ora prayoga
- Aja mangan ndhodhok ing tengah lawang nduweni arti utawa teges lire wong mangan ndhodhok yen disawang saru, kajaba mangan ing tengah lawang bisa ngalang-ngalangiwong sing arep liwat.
- Aja mangan ing paturon nduweni arti utawa teges amarga bisa ngregedi paturon, kejaba nalika lara.
- Aja mangan karo ngadeg, mundhak wetenge dawa nduweni arti utawa teges amarga mangan karo ngadeg iku saru, becike karo lingguh sing apik
- Aja mangan mlaku nduweni arti utawa teges amarga mangan karo mlaku ora becik tumrap kasarasan, tur murang tata.
- Aja mangan panas nduweni arti utawa teges amarga mangan panganan sing panas bakal mbebayani tumrap kasarasan.
- Aja mangan sangga ajang nduweni arti utawa teges amarga mangan sangga ajang gampang wutah, becike ajange dideleh ing meja
- Aja ngaglah, lungguh ana ing lawang nduweni arti utawa teges amarga lungguh ana ing lawang ngalang-alangi wong singa arep liwat/mlebu-metu.
- Aja nggelar kasur tanpa sepre nduweni arti utawa teges amarga yen reged angel anggone ngilangi
- Aja ngadeg uwuh nduweni arti utawa teges amarga bisa ngregedi panggonan liyane yen kabur angina
- Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene nduweni arti utawa teges menawa sumur kena idu bakal reged, apa maneh yen duwe lelara nular
- Aja njangkar wong tuwa nduweni arti utawa teges ngundang wong tuwa sarana, nyebutake jenenge thok/ jangkar cetha mulang tata
- Aja seneng ndhekok nduweni arti utawa teges amarga ndhekok/ turu wayah esuk, nyata ora becik esuk wayahe wong nyambut gawe
- Aja uncal uwuh nduweni arti utawa teges amarga nguncalake uwuh bisa ngregedi liyane, becike buwangane ing kranjang uwuh.
- Durung mantu wis gawe omah, ora ilok nduweni arti utawa teges wong durung mantu tegese enom, during akeh pengalamane
- Kekudhung kukusan, ora ilok nduweni arti utawa teges kukusan iku kanggo adang, menawa dienggo kekudhungan bisa reged
- Kandhang omah, ora ilok nduweni arti utawa teges menawa omah kanggo kandhang kejaba ora resiki, suker uga kurang prayoga menawa ana tamu
- Nyapu bengi, ora ilok nduweni arti utawa teges kejaba ora resik, bleduge iso ngregedi peturon apa panganan
- Ora ilok weweh njaluk bali, mundhak gulune gondhoken nduweni arti utawa teges weweh apa bae kudu sing iklas lair batin, aja ngarep-arep ganten diwewehi
- Ora ilok wanita lungguh jegang nduweni arti utawa teges sanajan priya, dideleng ora prayoga, apa maneh wanita uga kurang tata.
B. Larangan utawa Wewaler
- Aja lelungan ing dina Setu Pahing, kuwi dina geblage (sedane) simbah mundhak apes (nemu cilaka) nduweni arti utawa teges lire ing dina kuwi mesthine kanggo mengeti utawa ngrumat kepara malah ndedonga kanggo arwahe simbah, ora malah kanggo lelungan utawa seneng-seneng
- Wong menyang segara kidul, ora kena nganggo sandangan ijo pupus nduweni arti utawa teges lire nalika semana ana wong Ngayogyakarta sing keseret ombak menengah, mbeneri sandhangane ijo pupus. Wusanane wong-wong sing padha plesir ing pesisir kidul ora wani nganggo sandhangan ijo pupus. Dene sing baku kudu tansah ngati-ati.
- Tedhak turune panembahan Senapati, ora kena nitih jaran bathilan (jaran sing buntute dikethok) nduweni arti utawa teges para turunane panembahan senapati ora kena nunggang jaran bathilan/ jaran sing bunthute dikethok amarga bisa celaka.
- Wong Kudus sing manggon sawetan kali ora kena bebesanan karo sing mapan sakulon kali nduweni arti utawa teges wong Kudus, sing omahe neng wetan kali ora kena bebesanan karo wong sing omahe neng kulon kali sebabe calon temanten ora kena nglumpati kali, ora ilok.
- Wong Bagelan ora kena nganggo jarit gadhung mlati nduweni arti utawa teges Miturut kapercayan wong Jawa timur, wong bagelan ora kena nganggo jarit gadhung mlathi amarga miturut wong kono bisa maraake cilaka.
C. Bocah Sukerta
Bocah Sukerta yaiku bocah sing miturut kepercayaan wong jawa kudu diruwat utawa diselameti. Miturut kepercayaan wong Jawa mbiyen, bocah-bocah sing ora diruwat bakal dadi panganan Bathara Kala. Kanggo ngelak utawa nolak balak kasebut, mula diadani ruwatan kanthi nanggap wayangan lakon murwakala.Ing ngisor iki, arane bocah-bocah sukerta kasebut.
- Anak bungkus nduweni arti utawa teges bocah sing wektu lair isih kabungkus selaput bungkusan Bayi ( placenta ).
- Anak kembar nduweni arti utawa teges anak loro, kembar lanang utawa kembar wadon utawa kembar dampit lanang lan wadon.
- Anggana nduweni arti utawa teges anak akeh sing urip mung 1
- Cukil Dulit nduweni arti utawa teges anak 3 lanang kabeh
- Dhampit nduweni arti utawa teges bocah laire bareng lanang lan wadon
- Gendhong nduweni arti utawa teges anak akeh, wadone ing tengah
- Gilir Kacang nduweni arti utawa teges anak akeh, giliran lanang wadon
- Gotong Mayit nduweni arti utawa teges anak 3 wadon kabeh
- Grandel nduweni arti utawa teges anak lanang akeh, sing pungkasan wadon
- Ipil-Ipil nduweni arti utawa teges anak 5 lanang 1
- Jempina nduweni arti utawa teges bocah lair durung mangsane
- Julung Caplok nduweni arti utawa teges bocah lair wayah surup ( srengenge anslup )
- Julung Kembang nduweni arti utawa teges bocah lair wayah pletheke srengenge
- Julung pujud nduweni arti utawa teges bocah sing lair pas wayah maghrib.
- Julung Sungsang nduweni arti utawa teges bocah lair wayah bedhug ( tengah awan )
- . Kalung Usus nduweni arti utawa teges bocah lair pusere nggubed gulu
- Kedhana-Kedhini nduweni arti utawa teges anak 2 lanang wadon
- Kembar nduweni arti utawa teges bocah laire bareng luwih saka 1, lanang/wadon.
- Kembar Sepasang nduweni arti utawa teges anak 2 wadon kabeh
- Konduran nduweni arti utawa teges bocah lair nanging ibune mati
- Kresna nduweni arti utawa teges bocah sing dilairke duweni kulit ireng.
- Lawang menga nduweni arti utawa teges bocah sing lair wektu “ Candhik Kala “ ( senja hari )
- Mancalaputra utawa pendawa nduweni arti utawa teges anak lima lanang kabeh.
- Mancalaputri nduweni arti utawa teges anak lima wadon kabeh.
- Margana nduweni arti utawa teges bocah laire ing tengah dalan, sajrone lelungan
- Ontang-anting nduweni arti utawa teges anak 1 lanang
- Padangan nduweni arti utawa teges anak 5, 4 lanang lan 1 wadon
- Panca Ganti nduweni arti utawa teges anak 5 wadon kabeh
- Pancuran kapit sendhang nduweni arti utawa teges anak 3, wadong lanang wadon
- Pathok nduweni arti utawa teges anak wadon akeh, sing tengah lanang
- Pipilan nduweni arti utawa teges anak 5, 4 wadon lan 1 lanang
- Saramba nduweni arti utawa teges anak 4 lanang kabeh
- Sarimpi nduweni arti utawa teges anak 4 wadon kabeh
- Sendhang kapit pancuran nduweni arti utawa teges anak 3, lanang wadon lanang
- Unting-unting nduweni arti utawa teges anak 1 wadon
- Wahana nduweni arti utawa teges bocah lair ing tengah pasamuan
- Walika nduweni arti utawa teges bocah sing dilairke wujude bajang ( kendil )
- Wujil nduweni arti utawa teges bocah sing dilairke awake cebol.
Post a Comment for "Materi Teks Ekposisi Wewaler Bahasa Jawa Kelas 12 SMA/MA/SMK"