Contoh Pidato Bahasa Jawa dari Tokoh Masyarakat pada Acara Pernikahan

Contoh Pidato Bahasa Jawa dari Tokoh Masyarakat pada Acara Pernikahan

 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tokoh Masyarakat atau pak lurah ini terbilang singkat. Teman-teman bisa merubah bagian dari pidato ini sesuai dengan keinginan dari teman-teman sekalian. Kami tidak membatasi kreasi teman-teman sekalian. 
Tak perlu berlama-lama, berikut kami sampaikan contoh Pidato Bahasa Jawa Tokoh Masyarakat. 

Contoh Pidato Bahasa Jawa dari Bapak Lurah dalam acara Pernikahan 

Assalamu alaikum wr.wb 
Nuwun, wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang kula bekteni. 
Wonten ngarsanipun sedaya para tamu kakung putri ingkang tansah winantu suka basuki, lan sedaya bebrayan/masyarakat ing Kelurahan…………….. ingkang sanget-sanget kula kurmati. 

Nuwun sewu sakderengipun, gandheng kula dipun sepuhaken ing Kelurahan………mriki, kula kadhawuhan maringi andharan/sambutan wontening adicara pawiwahan ing siang/ dalu menika. Ingkang sepisan kula ndherek mangayu bagya dhumateng Bapak …… sekaliyan dene panjenengan sampun kasembadan anggenipun ngemah-emahaken kang putra putri nimas ayu……………..lan nakmas bagus………… 

Nuwun sewu Bapak k/ Ibu………bilih tugas/ tanggel jawabipun tiyang sepuh menika kejawi dados lantaran para putra-putra wonten ing alam donya menika, ugi nggadhahi kwajiban nggulawenthah, ndhidhik, ngangengaken……lan ingkang pungkasan ngemah-emahaken (nikahaken). Nadyan temanten menika sampun panjenengan emah-emahaken, nanging panjenengan tetep ngawat-awati, supados anggenipun bebrayanan saged guyub rukun, gendhon rukon pindhane kados mimi lan mintuna. 

Ingkang kaping kalih kula paringaken dhumateng sri penganten Mas lan mbak manten. Wong rumah tangga kuwi ora gampang, nganti ana tembang Asmaradana nyebutake mangkene: 
Gegarane wong akrami,
dudu bandha dudu rupa,
among ati pawitane. 
Luput pisan kena pisan, 
yen gampang luwih gampang. 
Yen angel-angel kelangkung, 
tan kena tinumbas arta. 
Mula manten kakung putri ya kudu tansah mad- sinamadan, mong kinemong siji lan sijine, rinabuk rasa asih sakbendinane. Insya allah bisa langgeng saklawas- lawase. 

Kajaba saka iku, manten sekaliyan calone dadi anggota masyarakat, mula kudu srawung lan nindakake kegiatan jroning masyarakat, kayata: kerja bakti, siskampling, melu kumpulun RT, lsp. 

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka basuki. Mekaten sekedhik andharan saking kula, mugi- mugi migunani dhumateng sri penganten. Purnaning atur: 

Kupat janure klapa. Wonten atur kula ingkang lepat, nyuwun pangapura. Nuwun. 

Wassalamu alaikum Wr. Wb 

Contoh Pidato Bahasa Jawa dari Tokoh Masyarakat pada Acara Ngundhuh Mantu 

Assalamu alaikum wr.wb 

Nuwun, wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang kula bekteni. Wonten ngarsanipun sedaya para tamu kakung putri ingkang tansah winantu suka basuki, lan sedaya masyarakat ing Kecamatan…………….. ingkang sanget-sanget kula kurmati. 

Ingkang sepisan kula ndherek mangayu bagya dhumateng Bapak ……………. sekaliyan dene panjenengan sampun kasembadan anggenipun ngemah-emahaken kang putra putri nimas ayu…………….. lan nakmas bagus…………………. 

Nuwun sewu Bapak ………………. sekaliyan ,bilih tugas/ tanggel jawabipun tiyang sepuh menika kejawi dados lantaran para putra wonten ing alam donya menika, ugi nggadhahi kwajiban nggulawenthah, ndhidhik, ngagengaken…..…… lan ingkang pungkasan ngemah-emahaken utawi nikahaken. Nadyan temanten menika sampun panjenengan emah-emahaken, nanging panjenengan tetep ngawat-awati, supados anggenipun bebrayanan saged guyub rukun, gendhon rukon sak lami-laminipun. 

Ingkang kaping kalih kula paringaken dhumateng sri penganten. Mas lan mbak manten gegahanganku marang sliramu kaya dene tembang Dhandhanggula iki: 

Atut runtut sinisihan salami,
kakung putri trus sahabi praya. 
Manunggal sih sutresnane,
myang bangkit asesunu,
Ngupa boga jangkebing wajib,
atul sungkem Pangeran, 
Panembah satuhu,
tanapi yayah lan rena, 
Wekasane baya mulya kang pinanggih,
winantu suka rena. 
Mula manten kakung putri ya kudu tansah mad- sinamadan, mong kinemong siji lan sijine, rinabuk rasa asih sakbendinane. Insya allah bisa langgeng saklawas-lawase.

Kajaba saka iku, manten sekaliyan calone dadi anggota masyarakat, mula kudu srawung lan nindakake kegiatan jroning masyarakat, kayata: kerja bakti, siskampling, melu kumpulun RT lsp. 

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka basuki. Mekaten sekedhik andharan saking kula, mugi-mugi migunani dhumateng sri penganten.Purnaning atur: santen peresan klapa. Wonten atur kula ingkang lepat,nyuwun pangapura. Nuwun . 

Wassalamu alaikum wr.wb. 

Demikian tadi Pidato Bahasa Jawa Tokoh Masyarakat. Semoga dengan adanya Pidato Bahasa Jawa ini, budaya dan bahasa Jawa semakin berkembang dan mendunia. 

Surajaya diningrat lebur dening pangastuti. 

Maturnuwun, salam.
Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Contoh Pidato Bahasa Jawa dari Tokoh Masyarakat pada Acara Pernikahan"