Apa iku Ater-ater, Panambang, Seselan, Dwi Lingga lan Purwakanthi?

Apa iku Ater-ater, Panambang, Seselan, Dwi Lingga lan Purwakanthi?

Definisi Ater-ater, Panambang, Seselan, Dwi Lingga & Purwakanthi sarta Contone

Ater-ater

Ater-ater yaiku imbuhan awujud wanda kang manggon ana ing ngarep tembung lingga. Jenis ater-ater ana 3, yaiku

Ø ater-ater anuswara (n, m, ny, ng). Ater-ater iki gunane ngubah tembung lingga dadi tembung kriya. Tuladhane: 

  • ny + sapu dadi nyapu
  • n + tulis dadi nulis
  • ng + langi dadi nglangi

Ø Ater-ater tripurusa (dak, ko, di). Ater-ater tripurusa nduweni fungsi minangka tembung sesulih aku (dak) kowe (ko) lan dheweke (di). Tuladha:

  • dak+tulis dadi daktulis
  • tak+tulis dadi taktulis
  • ko+pangan dadi kopangan
  • mbok+pangan dadi mbokpangan
  • di+pancing dadi dipancing 

Ø Ater-ater liyane kaya sa, pa, pi, ka, kuma, kami, a, ma, lan sapanunggalane. Tuladha:

  • satus -->> sa + atus
  • panulis -->> pa + nulis
  • pituduh -->> pi + tuduh
  • kapidek -->> ka + pidek
  • kumawani -->> kuma + wani
  • kamitenggeng -->> kami + tenggeng
  • amasah -->> a + masah
  • manepi -->> ma + nepi

Panambang

Panambang yaiku imbuhan arupa wanda kang mapan ana ing pungkasane tembung lingga. Jenis panambang ana akeh, antarane yaiku –a, -ke, -an, -e, -pun. Tuladha:

  • mulih+a dadi muliha
  • gawa+an dadi gawan ----- > kalebu tembung garba.
  • dhuwit+e dadi dhuwite

Seselan

Seselan utawa sisipan. Seselan sajerone basa jawa mung ana 2, yaiku -in- lan -um-. Biasane seselan mapan sawise wanda sepisan tembung lingga. Cara gampang ngerteni tembung iku oleh seselan, yaiku kudu mengerteni tembung linggane. Tuladha:

  • tinulis == > in + tulis.
  • tinimbang == > in + timbang.
  • sinuksmaya == > in + suksmaya
  • tumrap == > um + trap
  • tumiba == > um + tiba
  • tumungkul == > um + tungkul

Tembung Garba

Tembung garba bisa dipahami minangka lesape 2 hurup vokal dadi siji. Tembung garba bisa dumadi saka rong tembung utawa tembung karo imbuhan. Tembung Garba nduweni rumus:

  1. a + a dadi a
  2. a + i dadi e
  3. u + a dadi o

 Tuladha

  • jiwa + angga dadi jiwangga
  • pa + temu + an dadi patemon
  • ka + ider + an dadi kederan.

Tembung Dwilingga

Tembung dwilingga yaiku tembung kang dibaleni pangucapane. Sing dibaleni bisa satembung utuh utawa mung sebagian. Tembung dwilingga ana 5 jenis, yaiku:

  • Dwilingga padha swara yaiku tembung kang dibaleni satembung wutuh tanpa ngubah konsonan/vokale. Tuladha: lagu-lagu, nyanyi-nyanyi.
  • Dwilingga salin swara yaiku tembung kang dibaleni satembung wutuh nanging ana sing owah. Bisa konsonane utawa vokale. Tuladha: mrana-mrene, tura-turu, nguri-uri, lsp.
  • Dwilingga semu yaiku tembung dwilingga yen kelangan salah siji tembunge ora ana maknane. Tegese, pangucapane kudu utuh. Ora kena mung siji tok. Tuladha:
    • ondhe-ondhe. Yen tembung ondhe diilangi siji, tembung ondhe ora nduweni makna.
    • riwa-riwi. Yen tembung riwi utawa riwa diilangi siji, tembung kasebut ora ana maknane. 
  •  Dwiwasana yaiku tembung dwilingga sing dibaleni wanda pungkasane. Tuladha:
    • bluluk (kelapa garing sing tiba) saka tembung bluk.
    • cengenges saka tembung cenges
    • cekakak saka tembung cekak
  • Dwipurwa yaiku tembung dwilingga sing dibaleni wanda ngarepe. Tuladha: gegurit saka tembung gurit, lelembut saka tembung lembut lan sapanunggalane.

Purwakanthi

Saliyane nganggo imbuhan (ater-ater, seselan, panambang), tembung garba lan tembung dwilingga, supaya tembang luwih endah, uga digunakake purwakanthi. Miuturut bausastra, purwakanthi yaiku tetembungan kang nduweni vokal utawa konsonan sing padha. Tegese purwakanthi yaiku mbaleni vokal  utawa konsonan tembung macapat supaya luwih endah lan kepenak dirungokne.

Ana 3 jenis purwakanthi yaiku purwakanthi swara, purwakanthi sastra lan purwakanthi lumaksita (basa).

  • Purwakanthi Swara yaiku purwakanthi sing huruf vokal saben tembung padha karo tembung liyane. Tuladha:
    • sinawUngresmining kidUng
    • sInUbAsInUkArtA 
  • Purwakanthi Sastra yaiku purwakanthi sing nggunakake konsonan padha ing saben tembung. Tuladha: miNGKaR miNGKuR ing aNGKaRa
  •  Purwakanthi Lumaksita (bahasa) yaiku purwakanthi sing tembung pungkasane dibaleni maneh ing ukara sabanjure. Tuladha: Bapak saiki wis terkenal. Terkenaling negara manca.

Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Apa iku Ater-ater, Panambang, Seselan, Dwi Lingga lan Purwakanthi?"