Pidato Bahasa Jawa Atur Pambagyaharja Pamengku Gati (Sambutan Tuan Rumah)

Pidato Bahasa Jawa Atur Pambagyaharja Pamengku Gati

Secara khusus, atur pambagya harja ini merupakan pidato sambutan pemilik hajat/ tuan rumah ketika menyambut kedatangan tamu yang hadir. 

Adapun yang menyampaikan pidato ini tidak harus pemiliki hajat. Pidato bahasa Jawa ini bisa disampaikan oleh perwakilannya. Atau kadang bisa diwakilakan oleh MC pembawa acara. 

Tak perlu berlama-lama, berikut kami sampaikan Contoh Pidato bahasa Jawa tentang atur pambagyaharja. 

Tuladha Atur Pambagyaharja Pamengku Gati

Assalamu alaikum wr.wb
Nuwun, wonten ngarsanipun :
  • Para Pinisepuh sesepuh ingkang tansah pinundhi- pundhi
  • Para Alim, para Ulama , para Kyai Ustad sarta Rochaniawan ingkang sanget dipun mulyakaken dening Allah SWT,
  • Para Tamu kakung putri ingkang kinurmatan, saha
  • Kadang mudha wredha ingkang kula tresnani.
Sakderengipun kula matur, mangga-mangga sami ngunjukaken Puji Syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, Taufiq,

Hidayah lan Inayahpun, katitik ing siang/ dalu menika kula panjenengan sadaya makempal kanthi kebak raos katentreman, kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa.

Bapak saha Ibu ingkang winantu ing kamulyan.
Kula atas nami pamengku gati saha besan panjenenganipun Bapak / Ibu…………. sekaliyan lan Bapak / Ibu ............... kepareng matur wonten ngarsa panjenengan:

Sepisan
Panjenganipun Bapak /Ibu …… saha besan Bapak / Ibu......... ngaturaken pambagya wilujeng dhumateng rawuhipun sedaya para tamu kakung putri ing ndalem ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kaping kalih
Ngaturi wuninga bilih Bapak / Ibu ……… sekaliyan ing wekdal menika ngawontenaken tasyakuran awit nembe kemawon malakramakaken putra putrinipun ingkang nami nimas ayu………. ingkang sampun kadhaup kaliyan Bagus…… putra kakungipun Bapak / Ibu …… saking……… Ijab Qobul sampun kelampahan dinten ………. surya kaping………wulan........ warsa........

Kanthi lancar gangsar nir ing sambekala. Pramila menika Bapak /Ibu………sekaliyan, tansah nyuwun donga pangestu panjenengan, mugi-mugi sri penganten manggih gesang bagya mulya, tentrem ayem kebak mawadah lan waromah,temah dados kluwarga ingkang sakinah.

Kaping tiganipun
Bapak ………sekaliyan, nglenggana bilih anggenipun nampi panjenengan kathah kelepatan saha kekiranganipun. Sedaya kalawau kula ingkang nyuwunaken pangapunten. Pungkasaning atur, kula ingkang kadhawuhan makili panjenenganipun Bapak …………sekaliyan, temtu kathah lepat saha kirangipun, ingkang menika kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun.

Wassalamu alaikum wr.wb

Demikian tadi Contoh Pidato bahasa Jawa tentang atur pambagyaharja. Semoga dengan adanya Pidato Bahasa Jawa ini, budaya Jawa semakin berkembang dan mendunia. 

Maturnuwun, salam.
Admin
Admin Terimakasih sudah mengunjungi situs kami. Jika terdapat kesalahan penulisan pada artikel atau link rusak dan masalah lainnya, mohon laporkan kepada Admin Web kami (Pastikan memberitahukan link Artikel yang dimaksud). Atau bagi anda yang ingin memberikan kritik dan saran silahkan kirimkan pesan melalui kontak form di halaman Contact Us

Post a Comment for "Pidato Bahasa Jawa Atur Pambagyaharja Pamengku Gati (Sambutan Tuan Rumah)"